C
|
erkak yaiku gancaran sing ngandharake
sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak wae.
Ciri-cirine
cerkak:
a. Critane sakeplasan (dirungokake sapisan
langsung tamat)
b. Isine padhet (ringkes)
c. Alur mung siji
d. Basane mentes
e. Isine crita ngemot pitutur, kritik,
piweling lan pasemon
Unsur
intrinsik cerkak:
1. Underan (tema crita)
Underan
yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesane/ dasar crita.
2. Amanat (ancas)
Amanat yaiku
pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta marang pamaca.
Pepeling/ pesen iku arupa ajaran moral utawa pandhidhikan.
3. Paraga lan watak paraga (lakon)
Paraga utawa
kang diceritakake. Paraga iku ana kang sipate becik lan ana uga kang sipate
ala. Dene watake paraga (lakon) iku bisa kanggo mbedakake lakon siji lan
sijine. Dene cara kanggo nggambarake watake lakon bisa kanthi lumantar ing
ngisor iki, yaiku:
Katrangan langsung sing diandharake
pangripta jroning crita
Lumantar caturan/ pirembugan (dialog) ing
antarane para paraga
Kalakuan, tumindhak, lan kedadean-kedadean
sing dialami paraga
4. Padunungan, wektu, lan swasana crita
(latar, setting)
Latar yaiku
unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana
kang ndhasari kedadean ing crita iku.
5. Alur crita (plot)
Rantamane
crita sing sinambungan mbentuk crita. Alur kebentuk kanthi urutan kadadeyan
saengga mbentuk alur maju, alur sorot balik (flash back) lan campuran antarane
alur maju lan alur sorot balik.
Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean
kang wis kapungkur maju ing kedadean saiki
Alur sorot balik yaiku urutane crita saka
kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kapungkur
Rangkaiane
kedadean sing mbentuk alur dibagi tahap-tahap alur sing diwiwiti saka:
Paparane crita (pemaparan)
Critane wiwit ana masalah (perumitan)
Ana masalah antara paraga (konflik)
Masalah luwih gawat (klimaks)
Pungkasane crita lan carane nyelesaiake
masalah ing paripurnane crita
- Happy ending : ing paripurnane crita
nyenengake
- Sad ending : paripurnane crita ora
nyenengake / nyedihake.
6. Pamawas (sudut pandang)
Sudut
pandang yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita. Yen pangripta melu
ing sajroning kedadeyan sing dicritakake, tegese pangripta kalebu pamawas
(sudut pandang) wong kapisan : pangripta cerkak bisa uga dadi paraga utama bisa
uga paraga tambahan (sampingan). Menawa pangripta amung nyritakake wong liya
lan dheweke ora dilibatake ing sajroning crita, tegese dheweke nggunakake
pamawas (sudut pandang) wong katelu.
7. Busananing basa (gaya bahasa)
Busananing
basa yaiku basa sing digunakake pangripta sajroning nyusun crita.
http://www.kelasjawa.com/2014/03/cerkak-cerita-cekak.html
http://www.kelasjawa.com/2014/03/cerkak-cerita-cekak.html
Mohegan Sun at Pocono Downs - Casino - JT Hub
BalasHapusHotel deals on Mohegan Sun 강원도 출장마사지 at Pocono Downs in Wilkes Barre, including fully refundable rates 평택 출장안마 with 태백 출장샵 free cancellation. Guests enjoy 인천광역 출장샵 the 안산 출장마사지 casino.